Scroll untuk baca berita
Uncategorized

GUYON DUL KEMPLU: Setan Nggayani Setan

×

GUYON DUL KEMPLU: Setan Nggayani Setan

Sebarkan artikel ini

BeritaMerdeka.co.id – Pas nang pojokan kantor DPU, Dul Kemplu weruh Dalban, Kliwon karo Kicir lagi ngempot rokok.

“Dasar setan kabeh, wayahe wulan puasa pada ngempor ngrokok. Apa ora isin wis pada tua kaplak ora puasa,” gembore Dul Kemplu.

Rumangsa ora puasa wong telu kuwe pada meneng karo mbuang tegesan

Dul Kemplu lunga karo ngromed, “eling wis tua kudu sadar, wis akeh kancane dewek pada mati. Mumpung durung mati pada tobat,”.

Wong telu kuwe mbenerna omongane Dul Kemplu. Dul Kemplu saiki wis sadar, mulai esuk yuh pada puasa karo njaluk tobat.

Rumangsa dina kue ora pada puasa, wong telu kuwe pengin ngopi maring warunge Yu Kapsah sing nang pereke kantor BPN.

Pas mlebu warunge Yu Kapsah, wong telu kaget, weruh Dul Kemplu lagu ngrokok karo ngopi.

“Bangsettt ya kowen ya Dul, nyatane kowen pada bae setan. ngomongi wong seenake wedel, malah kowen mbadog nang warung,” gembore Dalban.

Dul Kemplu kaget tur bingung, lingak-linguk kaya ketek ditulup.
“Maaf..maaf aku khilaf, miki aku kegoda setan, kuweh setane Yu Kapsah, wis ngarti wulan puasa tetep dodol.

prakk..tutup panci dikeprukna nang endase Sidul. ” Setan waduke, kowen mene dewek ka..teka-teka njaluk bon mangan karo ngopi, mana merad Dul..,” crocos Yu Kapsah.

Ha ..ha ..ha .. Dul Kemplu compong, wulan puasa setan pada dicancang, malah difitnah. Ha..ha ..ha ..

Penulis: Suswoyo Harris