Scroll untuk baca berita
Uncategorized

GUYON DUL KEMPLU: Tari Geyol Gawe Bokonge Kapsah Geyal-Geyol

×

GUYON DUL KEMPLU: Tari Geyol Gawe Bokonge Kapsah Geyal-Geyol

Sebarkan artikel ini

BeritaMerdeka.co.id – Maksude apa Yu Kapsah karo Darkonah ngigel – ngigel kaya udet nang ngarepe warung gawe Dalban penasaran.

Wis tua kaplak sampean kabeh pada ngigel kaya kuwe maksude apa, takone Dalban.

Eh…rika ora ngarti yah.. aku arep ngigel nari Geyol karo Pak Walikota. kie Aku lagi gladi resik nari Geyol, endah geyolane mantep. Mene Kang Dalban mbokan pengin weruh tarian Geyol, jawabe Kapsah.

Bokonge Kapsah sing gedene segentong karo bokonge Darkonah sing bunder kluwer diegot-egotna ngikuti irama. Dalban melotot kaya kena setrum ndeleng bokong semok.

Keren-keren..! matane Dalban kemecer ndeleng wong loro sing wis dadi Randa bokonge bisa munyer -munyer kaya kitiran. Cangkeme Dalban nglileg idu saking kemocor ndeleng bokong sing bayangane lagi ngaweh – ngaweh.

Kyeh tari Geyol asyik ya Kang Dalban, makane engko melu ndeleng tari kolosal Geyol Nang alun-alun.Nang Kana sampean bisa nyawang bokong gede -gede, nyrocose Kapsah.

Kapsah mulai kentir, bisa nggromed kaya kuwe. Kuwe apa gara -gara Pemrentahan saiki ana-ana bae, wayahe arep puasa Romadhon masyarakate kon nari geyal-geyol. Mending ngadakna acarane mangan gratis kanggo wong mlarat. Dadine bisa ngirit, ora kakehan utang nang warunge Kapsah ya Kang Amad, Dalban ngglendeng.

“Iya yah Kang, kaya wis ora bener,  Kapsah arep Geyal-Geyol nang ngarepe wong akeh. Mangkane bokonge Kapsah gede bunder oh, mbokan ana sing ndeleng bisa nyadeng ya Kang Dalban bisa repot,” jare Amad karo sewoten.

Jare Dalban maning, kiye pasti idene Dul Kemplu, sing misiki Walikotane endah deweke dieman Walikota. Bisa bae alesane endah Kotane tenar mendunia lewat tari Geyol sing mempesona. Apa maning Walikota seneng hiburan klop lah..

“Kampret ya Mad, Dul Kemplu memang uteke encer bisa mirip uteke Abunawas sing bisa molak-malik ide kanggo nyenengaken Walikota,” ngomonge Dalban.

Ya ora Dul Kemplu tok sing dadi pembisik wong liane ya ana. Nyatanya acarane dinane bareng karo budaya sing ngadakna Partai kae. Kanggo daya tarik pamer patung Gajah gede jarene tah mantan presiden arep teka.

Heran ya Kang Dalban, bisane acara budaya sing ngadakna Partai bisa bareng karo acara nari sing panitiane Pemrentahan. Apa ora nyalahi dianggape Pemrentahan ora netral.

Mbuh baen.. Dudu urusane Rika, Dewan Wakil rakyat be meneng ora urusan. Sing penting wong cilik ngurus kesenengane dewek. Sibg seneng nginung Ciu mumpung toko sing dodol akeh. Pengin pasang nomer judi togel ya akeh sing dodol, mumpung bebas laka sing nglarang Mad, nyocote Dalban karo cengar cengir.

“Wis lah.. sampean aja melu – melu mikir negara engko kentir dewek. Kang mene kukur-kukurna bokonge aku sing gatel,” kongkone Kapsah.

Wong loro, Dalban karo Amad ndadak balapan tangane nempel bokonge Kapsah, niate arep ngukuri karo nyemol.

Ujug-ujuge pas nang mburine bokonge Kapsah ana suara Bruutt… Kapsah ngentut suarane seru kaya knalpot bronk.

Bangseet Yu Kapsah mbokan pan nein bokong, jebule arep ngentuti. Mambune bacin temen sung.. persis mambune batang wirog, wong loro kuwe kena tipu Kapsah si Randa Geyol..
Ha… Ha… Ha..

Penulis: Suswoyo Harris

Editor: Ade Windiarto